Cerkak
LOMBA BULAN BAHASA! : CERKAK
Oleh : Althair Mahatirta
AJA SENENG NGAPUSI
Ing Kutha Malang ana arek SMA seng jenenge Yuno. Yuno kuwi paling dikenal dening kanca-kancane ing sekolah. Yuno paling dikenal amarga tindak-tanduke sing ala, yaiku seneng ngapusi.
Wes akeh sing kena apes gegara diapusi karo Yuno. Amarga iku kanca-kanca ne akeh sing ora seneng karo Yuno. Tapi uga ana kanca seng ora segan-segan nasehati Yuno supaya ora seneng ngapusi, Yuno mung ngerungokake wae nasehate kancane, naning ora dilakoni. Amarga iku Yuno pancet ngapusi wong liya tanpa nduweni rasa bersalah.
Dina iku dina Minggu, mene ne Yuno ana ulangan matematika, naning areke ora sinau amarga males lan areke luwih milih dulinan PS karo kanca-kancane. Samarine dulinan PS karo kanca-kancane, Yuno ndelok TV nganti bengi, dening kanca-kanca pada sinau kanggo nyepakake ulangan matematika .
Sesuk e pas wayahe ulangan, Yuno ora isa apa-apa, kertas jawaban kuwi diisi ngawur karo areke amarga uteke wes buntu ora isa mikir apa-apa maneh. Marine dikumpulno, Yuno entuk nilai paling isor saka kanca-kanca ne.
Yuno entuk nilai 70, dening kanca-kancane ana sing entuk nilai 80, 90, lan 100, Yuno akhire isin dewe amarga ora sinau. Banjur ulangane dibagiake, Pak Guru kandha, “Ulangane kudu dititi mangsa karo wong tuwane masing-masing yo, mene dikumpulake marang Bapak” Para murid njawab , “Nggeh, Pak!” Krungu kandhane Pak Guru, Yuno akhire wedi nduduhake kasil ulangane lan nyuwun titi mangsa marang Bapake, amarga areke wedi diamuki lan ora diolehi dolen maneh karo 6p. Akhire, Yuno nyingitake kasil ulangan matematika ne ing ngisore supaya Bapake ora ero yen Yuno entuk nilai elek ing ulangane.
Bengine, pas ditakoni Bapake piye sekolahe, Yuno njawab yen apik-apik wae. Banjur Bapake takon, “Ana ulangan sing dibagiake karo Pak Guru ta, Le?” Yuno njawab,”Mboten, Pak.” “Oh, ya wes yen ngono, lek ana langsung diparingake Bapak ya, Le.” kanda Bapake. Yuno ora wani kandha marang Bapake yen ulangan matematikane entuk 70, amarga wedi diamuki karo Bapake. Sawise iku, Yuno ndelok TV sampe bengi maneh. Sadurunge turu, Yuno nyepakake piranti sekolahe kayata pensil, bolpen, setip, penggaris, buku pelajaran, lan liyane, banjur turu sawise nyepakake buku lan piranti sekolahe.
Sadurunge iku, Yuno mikir karo selimutan, “Hmm, ya apa ya? Aku wedi Bapak ngamuk yen aku nyingitake kasil ulanganku, dening mene kudu dikumpulake marang Pak Guru karo titi mangsane wong tuwa, haduhh, mene wae wis dipikir.”
Mene ne, sawise sarapan, Yuno banjur pamit marang Bapak lan Ibuk e sadurunge budhal sekolah. Ing dalan, Yuno isih mikir ya apa supaya ora diamuki Pak Guru yen ulangan matematikane ora dititi mangsa dening wong tuwa.
Amarga wis suwe mikir, Yuno nduweni akal, “Ah! Ngene wae, aku tak kandha menyang Pak Guru, yen ulangan matematikane wis dititi mangsa, naning ora dak gawa, amarga lali.” Yuno arep ngapusi maneh, naning ora ana cara liya supaya areke ora diamuki Pak Guru, akhire Yuno nduweni akal kanggo ngapusi Pak Guru. Ing kelas, Pak Guru ngongkon murid-muride kanggo ngumpulake ulanagan matematika sing wis dititi mangsani dening wong tuwane masing-masing, kabeh murid ngumpulno kecuali Yuno.
Mari diitung dening Pak Guru, Pak Guru kandha, “Lho, kok kurang 1? Sapa sing gurung ngumpulake?” Awale Yuno ora ngaku, naning mari iku Pak Guru kandha maneh, “Yen ora ana sing ngaku, sak kelas Bapak hukum mlayu muteri lapangan!” Para murid langsung wedi amarga arep dihukum Pak Guru, para murid uga bingung sapa sing gurung ngumpulake. Akhire amarga sak aken karo kanca-kancane Yuno angkat tangan lan kandha, “Kula dereng ngumpulake, Pak.” Pak Guru njawab, “Ohh, dadi Yuno sing gurung ngumpulake toh, ya wis amarga Yuno wis ngaku, ora sida Bapak hukum mlayu muteri lapangan.”
Kabeh murid padha seneng amarga ora sida dihukum mlayu dening Pak Guru. Sawise iku, Pak Guru takon menyang Yuno, “Kenapa kok gurung ngumpulake, Le?” Yuno njawab, “Sampun dititi mangsa dening Bapak kula, Pak. Naning kula lali mboten ngasta ulangane menyang sekolah, kula nyuwun pangapunten nggeh, Pak.” Ohh, dadi ngono, ya wis, Le. Mene ndang dikumpulake menyang Bapak ya, yen lali maneh ora oleh melu ulangan, ngerti Le? Kandhane Pak Guru. “Kula ngertos, Pak, mene kula kumpulake menyang Bapak.”
Jare Yuno nimbali. Sawise iku, Yuno mbalik menyang nggon lungguhe lan sinau nganti jam pelajaran dina iku entek. Pas bel moleh, Yuno ora langsung moleh, naning dolan bal-balan disik karo kanca-kancane ing sekolahan nganti maghrib.
Tekan omah, Yuno salim menyang Bapake sing lungguh ana teras, banjur Bapake takon, “Teka endi, Le? Kok ket mulih?” Yuno njawab, “Kula mari kerja kelompok karo kanca-kanca, Pak.” Bapake njawab, “Eala, ya wis yen ngono, lek kate moleh sore kandha ya, Le. Supaya Bapak ora khawatir nggoleki awakmu.” “Nggih, Pak.” Jawabe Yuno. Sawise iku, Yuno langsung adus lan sembahyang.
Marine sembahyang, Yuno nyuwun duwit marang Bapake kanggo tuku buku gambar, “Pak, kula nyuwun atra kanggo tuku buku gambar.” “Iki, Le duwite, langsung bali ya yen wis mari tuku.” Jawab Bapake. Yuno banjur budhal tuku buku gambar. Sawise iku, Bapake Yuno menyang kamare Yuno lan nata kamare amarga reged lan ora rapi, wektu ngeresiki kolonge kasur, Bapake nemuake ulangan matematikane Yuno sing entuk nilai 70.
Banjur Bapake nggumun, “Duh, Le, Le, mbok ya kandha ngene iki.” Mari iku Ibuke Yuno marani Bapake, “Ana apa toh, Mas?” “Iki lho, ulangan matematikane Yuno sing entuk 70 disingitno, iki tak temokake!” Jawab Bapake. “Ya wis, Pak. Sing sabar, dikandani alon-alon wae, aja nesu-nesu.” Jare Ibuke Yuno.
Ora suwe, Yuno teka mari tuku buku gambar lan diceluk Bapake. “Le, rinio sediluk.” Yuno njawab, “Ana apa, Pak?” Yuno sing ndelok kertas ulangan matematikane dicekel Bapake langsung gemeter awake amarga wedi diamuki. “Ngene lho, Le. Bapak lak wis kandha ta, yen ana ulangan kuwi langsung paringno Bapak, ora usah wedi, lek kowe jujur, Bapak ora bakal ngamuki, tapi yen ngene ya Bapak rada kecewa, Le. Aja dibaleni maneh ngene iki ya, Le.” Yuno njawab, “Inggih, Pak. Kula nyuwun pangapunten amarga ora nurur Bapak, kula wedi yen kula entuk nilai elek, Bapak bakal nesuni kula. Kula janji, Pak, mboten kula baleni maneh.” Ibuke nambahi, “Ya wis, Le. Aja dibaleni maneh, wis kana mangan karo Bapak, wis Ibuk cepakno sega goreng senenganmu, Le.” “Nggih, Buk. Matur nuwun.”
Sawise iku Yuno, Bapak, lan Ibuke mangan sega goreng nganti sabakul entek. Sadurunge mari mangan, Yuno nyuwun titi mangsa marang Bapake kanggi ulangan matematikane, Sawise iku, Yuno nyepakake pinranti sekolahe, seragame, lan sikatan disik sakdurunge turu.
Mene isuke, sawise adus lan sarapan, Yuno banjur pamitan marang Bapak lan Ibuke sadurunge budhal sekolah. Ing dalan, Yuno wis ora kepikiran dening ulangan matematikane, amarga wis dititi mangasani karo Bapake lan kari dikumpulake menyang Pak Guru. Ing sekolah sawise pelajaran kaya biasane.
Yuno arep mulih, naning ana kancane sing ngejak dolan lan mangan nang mall. Yuno kandha yen ora duwe duwit, tapi samarine Yuno ngecek tase, areke nemokake duwit seng akeh lan cukup kanggo dolan lan mangan karo kancane ing mall, kang keselip ing njerone buku. Tanpa pikir dawa, Yuno langsung njupuk duwit kasebut lan digawe kanggo dolan mbe kanca-kancane.
Sawise iku, Yuno mulih lan langsung adus, banjur sembahyang lan mangan karo wong tuwane. Sadurunge turu, kaya biasane Yuno nyepakake bukune. Yuno nemu duwit sisa sing keselip ing buku, banjur dijupuk bukune lan dibukak karo Yuno. Tibakno, duwit kuwi duwit kas kelase.
Yuno kuwi nduweni jabatan bendahara ing kelase. Yuno langsung gupuh lan bingung amarga wedi yen ditakoni Pak Guru ana pira duwit kase. Sawise iku Yuno nang kasure lan terus mikir masalah duwit kas kuwi nganti areke turu.
Isuke, ing jam e perwalian, Pak Guru mbahas kelas lan pengumuman liyane, banjur Pak Guru takon menyang bendahara 1 lan bendahara 2 ana pira akeh duwit kas e, Yuno banjur mbukak buku kas e, lan ana total duwit kas 200 ewu rupiah sing kari 50 ewu amarga digawe Yuno kanggo nang mal mbe kanca-kancane dolan menyang mall.
Banjur Pak Guru takon, “ Ana pira duwit kas e?” Yuno njawab, “ Ana 200 ewu, Pak.” “Oh ya wis, gawa rini duwite.” Jawab Pak Guru. “ Anu, Pak, kula mboten ngasta saiki, duwitr pun ana menyang dalem kula, Pak” Jawab e Yuno. Pak guru njawab, “Oh ya wis, mene digawa ya, Le.” Yuno banjur khawatir amarga areke wedi yen diamuki Pak Guru yen duwite wis digawe kanggo dolan nang mall karo kanca-kancane.
Pas jam e mulih, kanca-kancane pada disikan mulih, naning Yuno pancet menyang kelas lan ngenteni kelase sepi, akhire kari Pak Guru lan Yuno ing kelas iku. Banjur Pak Guru kandha, “Lho? Kok durung moleh, Le? Ana apa? Ana masalah ta? Yen ana crita wae menyang Bapak, ora usah sungkan, sapa ero Bapak isa menehi solusi seng apik.” Yuno njawab, “Dadi, duwit kas kuwi kula asta, Pak.
Naning duwite kurang amarga kula gawe kanggo dolan menyang mall karo kanca-kanca kula, Pak. Amarga kula kepepet mboten ngasta duwit, kula tanpa pikir dawa lan tanpa ngerteni, kula njupuk duwit kas, kula iling yen duwit kuwi duwit kas, amarga ing wayahe kula nyepakake buku, kula mbukak buku sing ana duwit sisane sing dereng kula pundhut kari 50 ewu, Pak. Sing asline ana 200 ewu. Kula nyuwun pangapunten, Pak. Amarga kula mboten kandha mawu, amarga kula isin yen kanca-kanca kula ngerti, Pak.” Pak Guru njawab, “Ealah, Lee. Mbok ya kandha ket mawu, ora apa-apa le, Bapak sing ngganti duwite, ora usah khawatir, Bapak seneng amarga kowe wis wani ngomong jujur menyang Bapak, aja dibaleni maneh ya, Le. Bapak percaya karo kowe.” “Inggih, Pak, kula nyuwun pangapuntenipun sanget.” Jawab e Yuno.
Sawise kedadeyan iku, Yuno dadi arek sing jujur, ora seneng ngapusi, saengga saiki Yuno dipercaya dening kanca-kancane sing tau diapusi karo Yuno.
Yuno nyuwun pangapunten marang kanca-kancane, lan kanca-kancane maafake Yuno sing wis tau ngapusi amarga wis bisa dadi wong sing jujur lan bisa dipercaya dening kanca-kanca lan wong ing sekitare.
555
../555
555
555
555